GAMELAN JAWA
Gamelan Jawa iku sawijining
utawa corak gamelan sing urip ing tlatah Yogyakarta uga Jawa Tengah lan
sabageyan Jawa Wetan. Gamelan saged dingge ngiringgi mawarni-warni Kesenian
Tradisional kayata dingge ngiringi Pagelaran Wayang, Kethoprak, Jathilan lan kesenian
tradisional liyanipun. Musik Gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka
dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa lumrahenduwe nada luwih lembut, lembut lan
nganggo laya luwih alon, beda karo musik Gamelan Bali ingkang layane luwih
cepet, uga musik gamelan sundha ingkang rasa musikke “nglaras” banget
(mendayu-dayu) lan didominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku ndue
nada-nada pentatonis. Gamelan Jawa iku nduweni 2 laras yaiku: Laras Slendro lan
Laras pelog, Laras Slendro nduweni urutan nada-nada 123567, menawi Laras Pelog
nduweni nada-nada 1234567. Gamelan Jawa ndue aturan-aturang ingkang wis pakem,
antarane katata saka pirang-pirang rambahan utawa puteran utawa pathet utawa
jero cetheking swara, uga ana aturan sampek utawa cepet rendhete laku sing wis
pakem, uga ana batesan-batesan Gongan lan melodine wis diatur nig
bageyang-bageyan sing saben-saben ketata saka 4 nada (gatra). Saben-saben
piranti ndue fungsi dewe-dewe sing nuntun swara yaiku rebab, sing nunutn irama
diarani kendhang. Arane pemain sing nabuh gamelan iku diarani pengrawit,
panayagan utawa nayagautama wiyogo, sing nembang priya diarani wira-swara, sing
wanita arane pesinden utawa swarawati.
Wonten ing jaman modern iki,
Gamelan menika kadang kala mboten dados remenipun para mudha. Kathah para mudha
ingkang mboten mangertos babagan gamelan amargi para mudha wonten ing
kasunyatan luwih kulina weruh utawa nyekel alat musik modern kayata Gitar,
Bass, Piano, Drum, Biola lan sakpanunggalanipun, tinimbang nyekel utawa main
alat musik Gamelan. Para mudha mboten gumyak pengen bisa maen Gamelan,
mbokmenawi Gamelan ing pikiran paramudha yaiku alat musik ingkang ndadekke
deweke katrok, cupu, lan ketinggalan jaman. Sedaya iku kleru Gamelan iku
salahsetunggal alat musik ingkang kedhah diremeni uga dimangerteni tumrap
sedaya tiyang, Gamelan iku alat musik khas Jawa uga warisan budaya Indonesia.
Tumrap para mudha kedah njaga gamelan caranipun inggih punika nyinauni lan
mboten nduwe pepanggih menawi Gamelan iku alat musik sing namung dimainke
tiyang tua. Mboh kenging menapa Gamelan mboten dadi tresnane para mudha, apa
amarga maenke Gamelan angel lang njlimet, sedaya iku butuh usaha lan kemauan.
Menawi kita sampun usaha temenan pengen maenke Gamelan, kita bakal bisa.
Ing jaman saiki? Kenapa
mboten? Menawi ing Daerah istimewa Yogyakarta, sekolah-sekolah saka
SD-SMP-SMA-SMK mangarsani alat musik tradisional inggih punika Gamelan. Mboten
namun alat musik modern kemawon ingkang diajarken Bapak Ibu Guru. Saka mriku
para siswa uga angsal ilmu saka alat musik Gamelan lan suwe-suwe para siswa
bakal tresna marang Gamelan. Menawa mboten nggih kita tumrap para muda nggih
saged mara wonten ing Sanggar-Sanggar karawitan wonten ing Yogyakarta, ten
Kulon Progo nggih wonten kayata Sanggar Singklon sing nduwe Pak Jaka. Aja nganti
alat musik Gamelan ical saking pikirane para mudha lan sedaya tiyang Indonesia,
kita mboten ampun kegiles karo alat musik modern ing jaman sakniki. Kita kedhah
bangga marang Gamelan land kedhah ngelestarikaken Gamelan. Aja nganti negara
liya ngrebut alat musik gamelan. Kita kedhah matenken menawi Gamelan iku
warisan nenenk moyang Indonesia, kula kadah pemanggih menawi gamelan saged
diakui wonten ing Mancaegara. Iki lho Kabudayan Indonesia mliginipun kabudayan
Jawa?
Tuladha rupa-rupa Gamelan Jawa inggih
menika :
1. 1. Bonang
Bonang kunjuk saking 3 macam yaiku bonang barung, bonang
panembung, uga bonang panerus. Bonang nggadhahi bentuk kados “ceret” utawi
“pot” ingkang dipunpanggenaken sacara horizontal datheng string lebet bingkai
kajeng, sae setunggal utawi kalih baris wiyar. sedaya ceret nggadhahi bos
puser/tonjolan ing madyanipun. uga menawi bos puser kesebat dipungebag badhe
menimbulkan ungel.
2. Gambang
Gambang ngrupikaken instrumen ingkang kedamel saking
bilah-bilah kajeng ingkang dibingkai ing gerobongan ingkang ugi nduwe gina
dados resonator. bentukipun hampir mirip kijing ing makam-makam Jawi. uga enten
bilah-bilah kajeng ing inggilipun. Bilahnya milangan pitu-welas ngantos
kalih-dasa bilah. Gambang dipundolanaken kaliyan tabuh nduwe bentuk bundar
kaliyan tangkai panjang biyasanipun saking singat, uga ditabuhkan ing inggil
bilah-bilah kajeng kesebat.
3. Gender
Gender ngrupikaken instrumen
ingkang badan saking bilah-bilah metal ingkang ditegangkan kaliyan tangsul ing
inggil bumbung-bumbung resonator. Bumbung resonator niki tercipta saking
deling-deling ingkang bentukipun silinder ingkang ditata sacara sejajar
horisontal. menawi dipunningal saking sisi rai bentukipun berupa persegi
panjang.
4. Gong
Gong ngrupikaken instrumen
ingkang digantung, berposisi vertikal. bentuk gong bulat uga berukuran ageng
utawi saweg. ing madyanipun enten bos puser/tonjolan, ingkang biyasa ditabuh
ing kunjukan madya-madya bos puseripun punika, kaliyan tabuh bundar berlapis
bebed.
5. Kendhang
Kendhang nggadhahi bentuk
simetris, ingkang bentukipun kados tabung, kaliyan bersisi kalih kaliyan sisi
cucalipun ditegangkan kaliyan tangsul saking cucal utawi panjatos ditata lebet
bentuk “Y”, ingkang dipundekekake ing inggil bingkai kajeng (plankan) ing
posisi horisontal.
6. Saron
Saron ngrupikaken instrumen
ingkang nduwe bentuk bilahan kaliyan enem utawi pitu bilah, ingkang
ditumpangkan ing bingkai kajeng ingkang ugi nduwe gina dados resonator.
Instrumen niki ditabuh kaliyan tabuh ingkang dipundamel saking kajeng uga
singat. uga tabuhnya nduwe bentuk kados palu.
7. Kenong
Kenong yaiku setunggal set
instrumen jenis gong ingkang bentukipun hampir mirip kaliyan bonang, ingkang
bentukipun kados ceret uga dipunmadyanipun enten bos puser/tonjolan. nanging
ingkang benten yaiku wilanganipun langkung sekedhik dipunbanding kaliyan
bonang. Kenong berposisi horisontal ingkang ditumpangkan ing tangsul ingkang
ditegangkan ing bingkai kajeng.
saya yang orng jawa aja blm phm semuanya min mksh deh ilmunya ijin share
ReplyDeleteOCCEY gans
Delete